CRITA JAWA

Lian 16 Juni 2021 09:24:30 WIB

PANJI KRAMA (17)

Crita asli dining : Sugiman

 

TAMAN SARI

Dewi Sekar Taji lan Gapa Gati ing Taman Sari. Ndoro lan emban idu pada arep-arepan.

Sekar Taji

=

Biyung Emban, padha becik sowanmu ana ngarsaku, Biyung?

Gapa Gati

=

Awit pangestunipun Gusti Ayu, sowan kula winantu karaharjan, Gusti. Namung sungkem kula katur Ndoro Ayu Sekar Taji.

Sekar Taji

=

Tak tampa gawe renaning penggalihku, Biyung. Lan aku mundut priksa marng Biyung, anggomu cecawis unjukan, daharan apa wis cemawis, Biyung?

Gapa Gati

 

Gusti, menawi bade ngersaken unjukan utai daharan, sedaya sampun cemawis sedaya, Gusti.

Sekar Taji

 

Tak trimo, pakaryan kang becik tindakno sak lawase, Biyung!

Klono Sewandono teko nyekel tangane Sekar Taji.

Gapa Gati

=

Tulung, tulung!

Sak wis e mbok emban tulung-tulung, Bancak lan Doyok teko, ngupeng Dewi Sekar Taji.

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT