CRITA JAWA

Lian 16 Juni 2021 09:18:33 WIB

PANJI KRAMA (16)

Crita asli dining : Sugiman

 

Ana ing Wedi Aliran, kluntung Wesi lan Kluntung Waluh pada ngadep Wroho Seto.

Wroho Seto

=

He ha-ha ... Adi Kluntung Wesi lan Kluntung Waluh, padha slametmu?

Wesi + Waluh

=

E e pangestunipun wilujeng. Sungkeming pangabekti konjuk Sampeyan dalem Ki Roko, kula nuk non.

Wroho Seto

=

Tak tampa lan aku mundut priksa marang Adi, sekorone anggonmu ngurusi kebo ndanu kang pancal panggung apa ora nguciwani, Di?

Wesi + Waluh

=

Sedaya kuwajiban kula kekalih, sedaya tansah kula estokaken Ki Roko. Boten nglerwaken dawuh Ki Roko.

Wrono Seto

=

Tak sawang ana tamu, Di.

Ing sak tengahing rembugan para sedulur mau, Braja Noto teko atur pitutur nyuwun kebo kanthi pekso.

Wrohol Seto

=

Samangke to, Raden. Kula mundut priksa, ngajeng sinten nami, wingking saking pundi lan punapa kersanipun, Raden?

Braja Noto

=

Kekasihku Braja Noto soko Praja Jenggolo. Tekaku mrene arep  nyuwun kebo ndanu kang pancal panggung cacahe 140. Entuk ora entuk tak suwun.

Wroho Seto

=

We la dalah, aku ora marengake, sebab aku mung sak dermo ngopeni. Kebo mau kagungane Dewo, aku ora wani maringake. Satriyo, yen kowe mekso, kowe wani karo aku, Den?

Perang ora bisa kaendo, Kluntong Wesi lan Kluntung Waluh arep nubruk Braja Nota amargo ora reti tata, nanging diendani Braja Noto. Prang buto loro kapiting Braja Noto, ora iso polah. Sambat-sebut kebo ndanu diparingake. Kluntung Wesi lan Kluntung Walug nderekake Raden Braja Noto budal menyang Kediri.

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT