CRITA JAWA

Lian 15 Desember 2020 11:14:19 WIB

PANJI KRAMA (12)

Crita asli dining : Sugiman

 

Menawi Resi Anoman nembe rembagan kalian para Cantrik, wonten Udo Pati mareg sowan ing ngarsanipun eyang resi.

Anoman

=

Kados Ndoro Sepuh Udo Pati ingkang rawuh ing percabaan, Ndoro?

Udo Pati

=

Bener Kakang Anoman.

Anoman

=

Kula ngaturaken sugeng rawuh wonten pondok kula, Ndoro.

Udo Pati

=

Oleh pamujimu Kakang Anoman, slamet. Bali Sliramu padha waras, Kakang?

Anoman

 

=

 

He pangestu dalem, klo wilujeng. Kok njanur gunung Ndoro rawuh wonten pondok kula. Wonten wigatos punapa, Ndoro?

Udo Pati

 

 

 

 

=

 

 

 

 

Mengkene Kakang Anoman, tekaku ana percabaan iki diutus Angger Prabu Lembu Ami Luhur. Atur uninyo yen Panji Asmaro Bangun arep nambut silaning akrama, marang Dewi Sekar Taji ing Kediri. Nanging duwe bebono, pengarake temanten diderekake karo wanara seto. Mula aku supaya matur ana ngarsamu, Kakang. Gelen - ora gelem Kakang kudu ngleksanani pamundute Angger Prabu.

Anoman

=

Mboten Ndoro, menawi kula bade kagem bebono kuo mboten purun.

Udo Pati

=

Yen ngono kowe ndak peksa, Anoman!

 

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT