CRITA JAWA
Lian 15 Desember 2020 11:09:14 WIB
PANJI KRAMA (11)
Crita asli dining : Sugiman
Pertapan Kendali Sodo wonten Resi Anoman lan para Cantrik.
Resi Anoman |
= |
E e bocah Cantrik sekarone padha slamet sowanmu, Trik? |
Jonoloko+Angin
|
=
|
Angsal pangestunipun Sang Panembahan, wilujueng sowan kula. Namung sungke pangabekti pun Cantrik kekali mugi konjuk Sang Panembahan kawula nuk non. |
Resi Anoman
|
=
|
Tak tampa pangabektimu, gawe senenging atiku. Aku takon anggonmu njaga tata rakiting pertapan apa ora nguciwani, Trik? |
Cantrik Jonoloko
|
=
|
Sadaya ayahan kula kekalih, njagi pertapan, reresik, cecawisan, siram, ageman,unjukan sarto dahar sampun samekta. Mboten bade nguciwani Sang Panembahan. |
Resi Anoman |
= |
Sukur mangayubagyo, Trik. Pakaryan kang becik tindakno sak lawase, Trik! |
Jonoloko+Angin |
= |
Mangestokaken dawuh, Sang Panembahan. |
Resi Anoman |
= |
Trik, ana prenjak ganter, arep ana tamu. Padha sumingkira disik. |
Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |