CRITA JAWA

Lian 15 Desember 2020 11:03:08 WIB

PANJI KRAMA (9)

Crita asli dining : Sugiman

 

Nalika ing Perwito Kondo Bancak lan Doyok alam-alaman tembang sluku-sluku batok, dikupas maknane dolanan kasebut.

Bancak

 

 

=

 

 

Sluku-sluku batok, batoke ela-elo maknane aweh pitutur kang wadi. Sing ana ngarep keminter ning keblinger, sing ana ngisor plonga-plongo koyo kebo. Rama menyang Solo maknane wisoto nonton kahanan. Kahanan sakiki dadi unik.

Doyok

=

Oleh-olehe payung moto. Apa maknane?

Bancak

=

wong kang duwe kalungguhan sing duwur, tur duwe kesempatan padha lali.

Doyok

=

mak jentit, cilo lobah.

Bancak

 

=

 

wong duwe, kesempatan lali marang tanggung jawabe. Terus tumidak wis to padha malik pikirane, padha mikir awake dewe-dewe.

Doyok

=

Wong mati ora obah.

Bancak

 

=

 

Alam pikirane mung peteng, ora duwe hasil tembunge pemasukan, karo pengeluaran ora imbang. Akeh pengluwaran, mula buntu nalare. Padha karo peteng, mati.

Doyok

=

Yen obah medeni bocah.

Bancak

 

=

 

Padha golek hasil menyang monco negoro, sangune luwih akeh. Ora saben uwong bisa, mula ana jaman sing sugih dadi sugih, sing mlarat dadi mlarat. Nyelot rekoso!

Doyok

=

Golek duwit entuk saketip, dinggo nempur oleh sak jimpit.

Bancak

=

Wong sakiki kerja ringan, makan kenyang. Kuwi tuntutane, mula senadyan bayar setitik padha dilakoni.

Doyok

=

Diliwet dadi intib, dipangan dadi slilit.

Bancak

=

Dadi yen dikirato boso, tembuge urip mung pas-pasan, coro wong tani kang mikir entek ngalas entek ngomah.

Doyok

=

Yen ngono, dolanan sluku-sluku batok iku ngemu suroso kang unik lan mrihatinake yo, Di?

Bancak

=

Mula di mula, ngendikane piyai kuno iku sok netesi lo Kang Doyok.

Doyok

=

Iki prenjak ngganter, sapa kang bakal teko.

 

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT