CRITA JAWA

Lian 14 Desember 2020 21:44:36 WIB

PANJI KRAMA (8)

Crita asli dining : Sugiman

 

Patih Suro Pramaja mareg sowan dumateng ngarsanipun Prabu Klono Sewandono.

Klono Sewandono

=

He Patih Suro Pramaja, wus bali aneng praja, Tih? Padha slamet lakumu, Tih?

Suro Pramaja

 

=

 

Awit pangestu dalem, lampah kula wilujeng. Namung sungkem kula mugi katur wonten ngarsa dalem Sinuwun Prabu.

Klono Sewandono

=

Ingsun mundut priksa, kepriye sira utus nglamar Dewi Sekar Taji antuk gawe apa ora, Tih?

Suro Pramaja

=

Kula ngaturaken duta penglawung (utusan pepati), Sinuwun.

Klono Sewandono

=

Kepiye? Duta penglawung? Dadi sowanmu ora oleh gawe, Tih. Sebabe apa?

Suro Pramaja

 

 

 

 

 

=

 

 

 

 

 

Awit dipun alang-alangi deneng Braja Noto saking Jenggolo, dene Dewi Sekar Taji nyuwun bebono 3 werni.

1.     Daupe pinanganten keprungu gamelan Loko Nento.

2.    Pengarake temanten wanara seto ingkang saget toto jalmo.

3.    Kebo ndanu pancal panggung 140.

Makaten, Sinuwun.

Klono Sewandono

 

=

 

Keparat Dewi Sekar Taji, Tih...... sakiki ora mikir bebono, ketapke wadyo bolo Bantarangin ngluruk menyang Kediri. Mones siapno kreto kencono ana ing alun-alun, Nes.

Demang Mones

=

Sendiko. Nyuwun pamit, Sinuwun.

Klono Sewandono

=

Ketab no para prajurit lan aku arep duwe atar warang kowe, Tih!

Suro Pramaja

=

Atur kados pundi, Sinuwun?

Klono Sewandono

 

=

 

Mengkene, Tih. Kowe leledongo ana njabane keputren, ingsun mlebu ana sajrone taman (Tih, tak dustone Dewi Sekar Taji).

Suro Pramaja

=

O mekaten Sinuwun, sendiko dawuh. Ngatos-atos, Sinuwun.

 

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT