CRITA JAWA

Lian 14 Desember 2020 21:33:54 WIB

PANJI KRAMA (6)

Crita asli dining : Sugiman

 

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Bebono 3 warno iku apa wujude?

Braja Noto

 

 

 

 

 

=

 

 

 

 

 

Bebono panyuwunan Dewi Sekar Taji,

1. Dauping pinanganten disarengi ungeling gamelan Loko Nento.

2. Pengarake temanten wanara seto ingkang saget toto jalmo.

3. Kebo ndanu kang pancal panggung cacah 140.

Rama Prabu, puniko bebananipun Dewi Sekar Taji.

Ratu Lembu Ami Luhur

 

 

=

 

 

Pancen wastiko Nini Dewi Sekar Taji. He sagung pasowanan tinrimo sawetoro. Ingsun bakal adum gawe. Panji Asmaro Bangun munggah kayangan, matur ana ngarsane Iwang Pikulun Batoro Guru. Atur no panyuwune Dewi Sekar Taji!

Panji Asmaro Bangun

=

Sendiko, Rama.

Ratu Lembu Ami Luhur

 

=

 

Paman Patih Udo Pati, ingsun nyuwun rilaning penggalih, tindak dateng Kendalisodo. Maturo bilih Kakang Mayangkoro diaturi ngarak temanten dateng Praja Kediri!

Udo Pati

=

Kula sagahi, Sinuwun.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Kulup Braja Noto, ingsun dawuhi tindak marang Wedi Aliran. Nyuwun Kebo ndanu 140.

Braja Noto

=

Sendiko, Rama.

 

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT