CRITA JAWA
Lian 14 Desember 2020 21:30:34 WIB
PANJI KRAMA (5)
Crita asli dining : Sugiman
Braja Noto budal saking Kediri tumuju Jenggolo. Ana ing tlatah Praja Jenggolo, Braja Noto sowan mareg Ratu Lembu Ami Luhur kagem ngaturaken bab Dewi Sekar Taji mundut bebono.
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Samangke to Paman Maha Patih Udo Pati, ingkang rawuh wonten paseban? |
|
Udo Pati |
= |
Kawula nuk non, kang bapa marak sowan wonten ngabyantoro, Ngger. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Rawuhipun pun paman sami winantu karaharjan, Bapa. |
|
Udo Pati
|
=
|
Awit pangestu dalem, sowan kula kalis ing rubeda, Ngger. Namung bekti kula katur Sampeyan, Sinuwun Prabu nuk non. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Kula tampi. Mugi dadosno santosaning manah kula, Bapa. Namung dipun prayogekaken nggenira lenggah! |
|
Udo Pati |
= |
Kasinggihan, Ngger. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Paman Patih Kudono Warso, sami winantu karahayon rawuh wonten paseban? |
|
Kudono Warso |
= |
Pangestu dalem sowan kula lir ing sambe kolo. Namung bekti kula mugi konjuk Sampeyan Dalem Angger Prabu. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Ingsun tampi, ndadosaken renaning penggalih. Namung dipun prayogakno nggenira lenggah, Paman! |
|
Kudono Warso |
= |
Mangestokaken dawuh, Sinuwun. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Kulup Braja Noto padha becik, wus kondur ana praja? |
|
Braja Noto |
= |
Berkah dalem Rama Prabu, tansah manggih karahayon. Bekti kula mugi konjuk Rama Prabu. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Ingsun tampa, gawe renaning penggalihipun Rama. Diprayogakake nggonira seba, Kulup! |
|
Braja Noto |
= |
Mangestokaken dawuh, Rama. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Kulup Panji Asmaro Bangun, diprayogakke sowanmu ana ngarsanipun Rama? |
|
Panji Asmaro Bangun
|
=
|
Awit berkah dalem Rama, sowan kula mboten wonten rubeda. Namung sungkem ngabekti kula mugi konjuk Rama Prabu. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Ingsun tampa pangabektimu, ora luwih diprayogakke anggonira seba, Kulup! |
|
Panji Asmaro Bangun |
= |
Mangestokaken dawuh, Rama. |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Bali marang putraku Braja Noto. |
|
Braja Noto |
= |
Wonten dawuh, Rama? |
|
Ratu Lembu Ami Luhur |
= |
Ingsun mundut priksa anggonmu sowan ana ngarsane Rayi Prabu ing Kediri. Atur no ingkang ceto, Kulup! |
|
Braja Noto |
= |
Tadah deduko, Rama. Yayi Dewi mundut bebono 3 werni, Rama Prabu. |
Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |















