CRITA JAWA

Lian 14 Desember 2020 21:30:34 WIB

PANJI KRAMA (5)

Crita asli dining : Sugiman

 

Braja Noto budal saking Kediri tumuju Jenggolo. Ana ing tlatah Praja Jenggolo, Braja Noto sowan mareg Ratu Lembu Ami Luhur kagem ngaturaken bab Dewi Sekar Taji mundut bebono.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Samangke to Paman Maha Patih Udo Pati, ingkang rawuh wonten paseban?

Udo Pati

=

Kawula nuk non, kang bapa marak sowan wonten ngabyantoro, Ngger.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Rawuhipun pun paman sami winantu karaharjan, Bapa.

Udo Pati

 

=

 

Awit pangestu dalem, sowan kula kalis ing rubeda, Ngger. Namung bekti kula katur Sampeyan, Sinuwun Prabu nuk non.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Kula tampi. Mugi dadosno santosaning manah kula, Bapa. Namung dipun prayogekaken nggenira lenggah!

Udo Pati

=

Kasinggihan, Ngger.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Paman Patih Kudono Warso, sami winantu karahayon rawuh wonten paseban?

Kudono Warso

=

Pangestu dalem sowan kula lir ing sambe kolo. Namung bekti kula mugi konjuk Sampeyan Dalem Angger Prabu.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Ingsun tampi, ndadosaken renaning penggalih. Namung dipun prayogakno nggenira lenggah, Paman!

Kudono Warso

=

Mangestokaken dawuh, Sinuwun.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Kulup Braja Noto padha becik, wus kondur ana praja?

Braja Noto

=

Berkah dalem Rama Prabu, tansah manggih karahayon. Bekti kula mugi konjuk Rama Prabu.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Ingsun tampa, gawe renaning penggalihipun Rama. Diprayogakake nggonira seba, Kulup!

Braja Noto

=

Mangestokaken dawuh, Rama.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Kulup Panji Asmaro Bangun, diprayogakke sowanmu ana ngarsanipun Rama?

Panji Asmaro Bangun

 

=

 

Awit berkah dalem Rama, sowan kula mboten wonten rubeda. Namung sungkem ngabekti kula mugi konjuk Rama Prabu.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Ingsun tampa pangabektimu, ora luwih diprayogakke anggonira seba, Kulup!

Panji Asmaro Bangun

=

Mangestokaken dawuh, Rama.

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Bali marang putraku Braja Noto.

Braja Noto

=

Wonten dawuh, Rama?

Ratu Lembu Ami Luhur

=

Ingsun mundut priksa anggonmu sowan ana ngarsane Rayi Prabu ing Kediri. Atur no ingkang ceto, Kulup!

Braja Noto

=

Tadah deduko, Rama. Yayi Dewi mundut bebono 3 werni, Rama Prabu.

 

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT