CRITA JAWA

Lian 31 Desember 2019 13:18:42 WIB

PANJI KRAMA (2)

Crita asli dining : Sugiman

 

Kala Sang Prabu mawi Patih uga Braja Noto nembe rembagan sowan utusan saking Praja Bantarangi. Utusan punika yaiku Patih Suro Pramaja.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Samangke to Kisanak ingkang nembe rawuh, ingsun ngaturaken sugeng rawuhipun Kisanak wonten Praja Kediri.

Suro Pramaja

 

=

 

Ha-ha. Dados leres, menika Praja Kediri? Awit panges dalem, wilujeng sowan kula.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Dereng asoo napas, asat riwe, ingsun anila krami. Asma sinten lan wingking pundi pinangka, Kisanak?

Suro Pramaja

 
 
 

=

 
 
 

Menawi Dewaji mundut priksa datang jazat kawula. Awon tanpa rupi, gelap ingkang den westani. Nami kula Patih Suro Pramaja, saking Praja Bantarangin dene ratu gusti kula, Prabu Klono Sewandono, makaten Dewaji.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Dados asma panjenengan Patih Suro Pramaja saking Praja Bantarangin, Kisanak?

Suro Pramaja

=

Kawula nuk non mekaten, Dewaji.

Lembu Ami Joyo

=

Ingsun mundut priksa, wonten wigatos punapa, Kisanak?

Suro Pramaja

=

Punapa sampun kepareng matur, Dewaji?

Lembu Ami Joyo

=

Sumangga, matur ingkang trawaca.

Suro Pramaja

 

=

 

Tuni lepat atur kula, tinebihno tulak kelawan sarik. Sowan kula dipun utus ratu gusti kula, Prabu Klono Sewandono supados ngebun-ebun enjang jejawah sonten. Ingkang kula bun-bun enjang jejawah sonten sanes putra mantri, bupati, bedoyo miwah sarimpi, kejawi putra Sang Prabu, inggih Dewi Sekar Taji bade jinatu krama kalian ratu gusti kawula inggih Sang Prabu Klono Sewandano. Menawi Dewaji mundut bebono keci makece, guru bakal, guru dadi, sak gedong picis rojo brono Praja Bantarangin sampun sumadya, Dejawi.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Duh Kisanak Suro Pramaja. Sampun dadosaken sekeling penggalih, awit rawuhipun Kisanak dawah kantun.

Suro Pramaja

=

Dados panglamar kula mboten dipun tampi, Dewaji?

Lembu Ami Joyo

=

Mila mekaten, Kisanak.

Suro Pramaja

 

=

 

Dewaji, kula utusaning ratu, mboten namung duta kengkenan. Nanging duta ngrampungi, Dewaji.

Lembu Ami Joyo

=

Sumangga kersanipun, Kisanak.

Suro Pramaja

 

=

 

Dewaji, kula aturi ndawuhaken dateng para najaka praja, pasang jogang ingkang lebet benteng ingkang inggil pasang burang kapurancang, nedya kula damel susang buana balik Praja Kediri.

Braja Noto rumaos mboten tampi kaliyan pangangkah sowanipun patih Praja Bantarangin datheng Jenggolo. Patih Suro Pramaja nduwe pangangkah nglamar Dewi Sekar Taji konjuk ratunipun. Braja Noto ingkang dipunkuwaosi nepsu lajeng nantang Suro Pramaja gigat kekiyatan.

Braja Noto

 

=

 

Ha Kisanak, Suro Pramaja, swaramu datan bisa riwungu ing talingan.

Suro Pramaja

=

He Raden, apa sira kang bakal maringake Dewi Sekar Taji?

Braja Noto

 

=

 

Tak wenehake nanging dudu kene papane. Metua jaba, tunggunen ana alun-alun mengko tak tungka lakumu, Suro Pramaja.

Suro Pramaja

 

=

 

Babo, aja nyulayani janji, Braja Noto. Dewaji, kepareng nyuwun pamit medal jawi.

Lembu Ami Joyo

=

Sumangga, Kisanak.

Braja Noto

=

Duh Paman Prabu, nyuwun pangapunten.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Ora dadi apa, Kulup. Nanging dugo prayogo padha digawa, Kulup. Sira melua njaga kasugengane Nini Sekar Taji, Kulup!

Braja Noto

=

Kasinggihan, Paman.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

He Guntur Segoro lan Guntur Sari, barang anggonmu bantu Kulup Braja Noto.

G. Segoro + G. Sari

=

Sendiko, Sinuwun.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Paman Patih Kudo Tilarso, tunggua ana sajro bangsal. Ingsun nemoni Nini Sekar Taji.

Kudo Tilarso

=

Sendiko, Sinuwun.

Prabu Lembu Ami Joyo ingkang mboten tega ningali sampyuhan piyambake sedaya lajeng ngutus Gunung Sari lan Gunung Segoro konjuk ngurun rembug tiyang kekalih ingkang dipunkuwaosi nepsu punika datheng alun-alun. Sawegaken Sang Prabu piyambak memoni Dewi Sekar Taji.

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT