CRITA JAWA

Lian 25 November 2019 10:27:23 WIB

PANJI KRAMA (1)

Crita asli dining : Sugiman

 

Kudo Tilarso sowan mareg dateng ngarsanipun Sang Prabu Lembu Ami Joyo, Ratu ing Tlatah Kediri.

Lembu Ami Joyo

=

E e... mangke to Paman Patih Kudo Tilarso?

Kudo Tilarso

=

Wonten dawuh Angger Prabu?

Lembu Ami Joyo

=

Sampun dangu rawuh wonten panangkilan, Paman?

Kudo Tilarso

 
=
 

Sak derengeipun Sinuwun Prabu lenggah wonten dampar kencana pun bapa sampun sowan, Sinuwun.

Lembu Ami Joyo

=

Sami winantu karaharjan rawuhipun Paman Kudo Tilarso.

Kudo Tilarso

 
 

=

 
 

Awit pangestunipun Sinuwun Prabu, kalis ing rubeda. Namun sungkeming pangabekti kula mugi konjuk Sampeyan dalem Sinuwun Prabu mekaten.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Ingsun tampa, gawe renaning penggalih ora luwih diprayogakke nggon ira lenggah.

Kudo Tilarso

=

Ngestokaken dawuh, Sinuwun.

Ing saktengahe rembugan, Brojo Noto, Guntur Segoro lan Guntur Sari mareg sowan marang Sang Prabu ana ing paseban.

Lembu Ami Joyo

=

Ingsun waspadakake, koyo Kulup Brojo Noto ingkang sowan.

Brojo Noto

=

Nuk nun, kula pun  Brojo Noto ingkang sowan, Paman.

Lembu Ami Joyo

=

Pada becik sowanmu ana ngarsaningsun, Kulup?

Brojo Noto

 
 

=

 
 

Awit pangestunipun Paman Prabu, sowan kula mboten manggih rubeda. Namung sungkeming pangabekti kula mugi konjuk wonten ngandap pepada dalem Paman Prabu.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Ingsun tampa, ndadekake suka renaning penggalih ingsun. Ora luwih prayogakna nggonira seba, Kulup.

Brojo Noto

=

Ngestokaken dawuh, Paman!

Lembu Ami Joyo

=

Guntur Segoro, bagyo satekamu ngadep ana ngarsaningsun?

Guntur Segor

 
 
 

=

 
 
 

Nun prembagenipun, Sinuwun Prabu. Kula tampi asta kekalih, kula pundi wonten mustaka dados jejimat gesang kawula. Namung sungkeming pangabekti kula mugi konjuk wonten ing ngarsanipun Sinuwun Prabu. Kawula nuk nun.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Tak tampa ndadekake senenging ati, diprayogakke nggon ira lenggah.

Guntur Segoro

=

Mangestokaken dawuh, Sinuwun!

Lembu Ami Joyo

=

Samengko ta Guntur Sari, pada becik sebamu ana ngarsaningsun?

Guntur Sari

 

=

 

Pangestu dalem Gusti Prabu, sowan kula kalis ing rubeda. Namung pangabekti kula mugi konjuk ngarsanipun Gusti Prabu.

Lembu Ami Joyo

=

Tak tampa. Diprayogakake nggonira sowan.

Guntur Sari

=

Ngestokaken dawuh, Sinuwun.

Dumdakkan Sang Prabu nimbali putrane, Mban Tatah lan Mban Teki supaya sowan ing paseban. Putra kekalih ngentokaken dawuhing Rama Prabu.

Prabu Lembu Ami Joyo banjur rembugan maneh karo Patih Kudo Tilarso lan Guntur Segoro babagan kahanane keraton. Sang Prabu uga neges Brojo Noto kang kautus dining Prabu Lembu Ami Luhur saka Praja Jenggolo. Prabu Lembu Ami Luhur ngersakake ingkang putra, Dewi Sekar Taji bakal kadaupake marang Panji Asmoro Bangun.

Lembu Ami Joyo

=

Putraku Mban Tatah, Mban Teki. Diprayogakke nggonira seba.

Tatah + Teki

 

=

 

Ngestokken dawuh, Rama. Namung sungkeming pangabekti kula kekalih mugi konjuk, Rama.

Lembu Ami Joy

=

Ingsun tampa, Kulup. Wangsul dateng Paman Patih Kudo Tilarso.

Kudo Tilarso

=

Wonten dawuh, Angger Prabu?

Lembu Ami Joy

 

=

 

Ingsun mundut priksa, ayahanipun Paman. Mranata sagunging  nara praja menapa sadaya sampun tinata kanthi temata, Paman?

Kudo Tilarso

 

=

 

Anggen kula mranata sagungin para kanthi miwah sedaya para bupati ing Praja Kediri. Sedaya sampun sae, Angger Prabu.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Syukur mangayubagyo, damel bombonge manah ingsun. Namung den sekecakno lenggah, Paman.

Kudo Tilarso

=

Mangestokken dawuh, Sinuwun.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Guntur Segoro, ingsun mundut priksa anggonmu gegulang olah kridaning kaprajuritan. Apa ora nguciwani?

Guntur Segoro

 
 
 
 
 

=

 
 
 
 
 

Duh Sinuwun Prabu, anggen kawula gegulang dateng prajurit, anggenipun ngenbat sedaya dedamelan, bedil, tumbak, pedang, curiga, warastra sedaya prajurit sampun trampil trengginas. Sak wanci-wanci Praja Kediri kedatenggan mengsah mboten bade nggepok koncanipun, Sinuwun Prabu. Sampun cekap datengipun abdi Guntur Segoro, Sinuwun.

Lembu Ami Joyo

=

Ingsun neda narima pakaryan kang becik, tidakno sak lawase!

Guntur Segoro

=

Kasinggihan, Sinuwun.

Lembu Ami Joyo

=

Bali marang Kulup Brojo Noto.

Brojo Noto

=

Wonten dawuh, Paman Prabu?

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Sira sowan ana Praja Kediri, apa karsa Pribadi? Apa den utus Kangmas Prabu, Kulup?

Brojo Noto

=

Duh Paman Prabu, menapa sampun kalilan matur?

Lembu Ami Joyo

=

Maturo kanti prasaja, Kulup!

Brojo Noto

 
 
 

=

 
 
 

Sepisan, saking kersa kula pribadi. Ingkang angka kalih, kula pun utus Rama Prabu Lembu Ami Luhur, supados nuk yinaken kintaka ingkang sampun lumarap wonten ngarsa Sampeyan dalem. Kula supados nyuwun kateranganipun saking Paman Prabu.

Lembu Ami Joyo

 
 
 

=

 
 
 

Nawalo wus ndak tampa lan surasane, nawalo Kangmas Prabu Lembu Ami Luhur ngajak bebesanan. Tegese, Nini Dewi Sekar Taji bakal kadaupake marang Panji Asmoro Bangun. Ingsun nayogyani, Kulup!

Brojo Noto

=

Matur nuwun, Paman.

Lembu Ami Joyo

 

=

 

Mula ingsun nyuwun lilane atinira, supaya melu njaga kasugengane Dewi Sekar Taji.

Brojo Noto

=

Kula sagahi, Paman Prabu.

Lembu Ami Joyo

 
 

=

 
 

Dereng dangu anggeningsun imbal wacana, kados kapireng suwaraning peksi prenjak angganter, sinten ingkang bade rawuh, Paman?

Kudo Tilarso

=

Ingkang ngatos-atos, Sinuwun.

 

Sugeng pepanggihan ing wayah candhakipun...

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

PELADI MAKARTI

PENDATAAN PELAKU USAHA/ UMKM DI KALURAHAN PUTAT